Gak duwe duit buat depooooooo...
Wingi wes ntek-ntekan sampai ilang bojo...
Hemm... mumet koq ora ilang-ilang...
Dadi rasane, awak melu pingin ngilang...
Melu Kang Sabar nang Kalimantan...
Jare iso bisnis sawitan....
Hemm... Minggat yo ora penak...
Masalah ora rampung, ditinggal umpetan..
Kalimantan jarene yo luas ...
Sakwise diparani koq ya sempit... malah ati rasane koyo alas...
Duh Gustiii... Iki dalane endi...
Utange pingin ndang rampung ndang mikir rabi...
Pingin kerjo koq ya ora ono sing aweh pegawean...
Pingin buka usaha, koq ya nganggo modal ...
Sing ora modal, dadi marketing.. koq ya lambene wes ora payu...
Hemm... wong koyo aku iki koq yo serba salah...
Aku curhat dikiro putus asa....
Aku nulis diary ... dikiro arep bunuh diri...
Sampean moco tulisan 'nelangsa'ku iki malah podo ngguyu...
Aku rugi nek ngene....
Mending aku melu ngguyu wae....
Whuahahahahahahhahahahahahahahahhaaa................!












No comments:
Post a Comment
Silahkan Tulis Komentar disini: